Friday, June 5, 2015

MASTRIP

Baru tahu tentang sejarah nama Jalan yang sering saya lewati, MASTRIP. Mas Trip ternyata nama orang.. :)

Kabupaten Tulungagung kejaba sugih peninggalan sejarah purbakala uga duwe monumen-mo­numen perjuangan. Antara liya dalan ge­dhe wiwit saka Desa Notorejo Kecamatan Gondang mangetan nganti tekan Dhusun Jethakan, kecamatan Kauman, menggok ngalor tumuju Kediri liwat kulon kali Bran­tas. Iku dalan gerilyane Panglima Besar Jendral Sudirman.
Ing cedhak terminal bis Tulungagung ana monumen patung Sersan Soeharto. Monu­men PETA ing Jl. A. Yani Timur mepet greja Katolik. Ing sacedhake pasar burung Jl. Ki Mangunsarkoro ana monumen Mas TRIP. Mo­numen kang diakoni apik de­ning wong-wong kang nyumurupi iki diresmekake taun 1987 nalika para “man­tan Mas Trip” nganakake reuni. Pancen katon bregas tenan monumen kang aru­pa patung siji iki. Anatomine pas banget, ketara yen iku patunge bocah remaja nganggo seragam tentara. Banjur sapa ta Mas Trip kuwi lan apa andhile tumrap nusa lan bangsa?
Manut buku Sejarah Mas Trip kang disusun dening Drs. H. Boges Sudjadi GR (kababar mbarengi reuni ing Tulungagung taun 1987). Mas Trip iku jeneng jangkepe dhek taun 1948: TNI BRIGADE XVII DE­TASEMEN I TRIP JAWA TIMUR sabanjure karan Mas Trip. Gelar mau pisungsunge rakyat Parengan, Jetis, Mojokerto.
Para pelajar kang dadi anggotane Mas Trip iki nalika jaman penjajahan Walanda dumadi saka telung golongan. Siji: putra-putrane priyayi yaiku wong-wong kang nyambut gawe ing pamarentahan. Seko­lahe ana ing HIS utawa ELS kang nggu­nakake basa Walanda. Mesthi bae dhi­dhikane ala Walanda, ngedohi rakyat cilik. Loro: golongan “tengahan” yaiku golo­ngane kaum dagang, prangkat desa, lan liya-liyane kang sapapak pundhak (sede­rajat). Bocah-bocah sekolah ing Taman Sis­wa utawa Muhammadiyah kang nasio­nalismene manjila. Katelu: golongan tani lan rakyat cilik sing sekolahe ana Sekolah Rakyat/Angka loro (saiki SD).
Telu-telune bisa nyawiji sawise Jepang njajah Indonesia kanthi wengis. Para pelajar kang umur-umurane 15 taun nganti 20 ta­un iku ngrasakake banget rekasane di­jajah. Mula sawise kemerdekaan Indonesia dikumandhangake dening Bung Karno lan Bung Hatta, para pelajar padha nduweni tekad luwih becik mati tinimbang dijajah maneh. Taun 1945-1949 ora wigah-wigih padha melu berjuang manggul bedhil. Mangka umume isih sekolah ing Sekolah Lanjutan Pertama. Sing pelajar SMA ora luwih saka 30-an. Unike maneh organisasi Pelajar Pejuang Bersenjata mau dipimpin dhewe tanpa campur tangane tentara.
Para pelajar mau, luwih-luwih Pelajar Surabaya, wis nuduhake kuwanene nen­tang penjajah Jepang, kanthi ora gelem dicukur plonthos kaya tentara Jepang. Nduweni kuwanen ngono kuwi nalika se­mana wis peng-pengan tenan. Ewase­mono iya manut nalika dibentuk Gakutotai (Barisan Pelajar).
Sawise Proklamasi Kemerdekaan 17 Agustus 1945 Gakutotai-gakutotai mau diperang dadi patang wilayah, yaiku wi­layah: Darmo, Praban, Sawahan, lan He­renstraat. Sabanjure nggabung dadi Badan Keamanan Rakyat Pelajar (BKR Pelajar), diresmekake Bapak Soengkono Kepala BKR Surabaya tanggal 19 Oktober 1945. Nalika BKR owah dadi TKR (Tentara Keamanan Rakyat) jenenge uga owah dadi TKR Pe­lajar. Iku dumadi ing awal November 1945.
TKR Pelajar bisa nglucuti senjatane Jepang sing manggon ing gedhung Don Bosco. Sateruse senjata mau dianggo nglawan Sekutu (tentara Inggris kang dumadi saka wong-wong Gurkha), nalika rakyat Surabaya nulak ultimatum Sekutu. TKR Pelajar iya melu tandha tangan wektu melu pertempuran 28 Oktober 1945 nganti 10 November 1945, 10 warga TKR Pelajar gugur. Ing antarane: Dumadioadi, Supangkat, Muljono, Suparto, Sukirman, Sumartono, lan Aris Munandar.
Bareng Surabaya dikuwasani Sekutu, TKR Pelajar mundur, bertahan ing dhaerah Mojoagung. Nalika kuwi kerawuhan bapak-bapak guru kang nganjurake bali sekolah maneh, awit me­sakake isih cilik-cilik maju perang. Anjuran mau ana sing ngestokake lan uga ana saperangan kang pilih ne­rusake berjuang. Sabanjure “bergabung” maneh nalika mbentuk TRIP Jawa Timur ing Malang 21 Juni 1946.

Perundhingan Linggarjati
Perundhingan Linggar­jati nyarujuki anane gen­catan senjata, nalika wek­tune prei (jeda) perang mes­thi bae TRIP ya ora pe­rang. Mula banjur ana anjuran saka pa­marintah supaya anggota TRIP bali sekolah maneh. Tuwuh pilihan telu kang dirasa padha abote, yaiku: tetep manggul sen­jata/ber­juang terus ninggalake bangku sekolah, bali sekolah maneh, utawa tetep berjuang disambi karo sekolah.
Saka pilihan telu mau pilihane tiba angka telu: tetep berjuang disambi se­ko­lah. Sateruse muncul semboyan Mas Trip: Berjuang, Belajar, Bersenang-senang. “Le­bih baik mati berkalang tanah daripada menjadi pelajar jajahan”.
Perjuangan Mas Trip ora uwal saka sejarah kamardikan Indonesia. Bebarengan karo kabeh warga negara mbelani negara proklamasi. Agresi I lan II lumaku kanthi lakuning sejarah kang ora bisa diowahi. Semono uga nalika PKI nganakake pem­brontakan ing Madiun, ya ana anggota Trip kang gugur. Ayahan abot nanging bisa gawe bombong Mas Trip nalika kudu ngawal mriyem gempur Bantheng Blorok. Mriyem mau kudu digawa saka Ngunut, Tulungagung dikawal menyang Menjangan Kalung dha­erah Blitar dohe kurang luwih 90 km, suwene pitung dina pitung bengi prasasat tanpa leren.
Perlu kawuningan manawa mriyem gempur iku abot banget, sanadyan ana rodhane ning bisane mlaku mung ing dalan gedhe. Mangka kuwi kudu ngliwati dalan setapak gek kudu nyabrang kali Brantas.
Bisa digambarake ngre­kasane. Sing ngawal Mas Trip, dudu tentara, ora duwe pengalaman militer. Isih ketambahan nyingkrihi serangane Walanda sing kepengin ngrebut mriyem mau. Kanthi li­nambaran tekad waja lan patriotism tinggi tugas mau kasil kanthi sukses.
Sejatine mriyem sing dipasrahake TNI marang Mas Trip iku ana loro, sing siji mriyem Macan Tutul. Amarga Macan Tutul iku luwih gedhe lan abot, kepeksa ditinggal ing Re­jotangan, didhelikake ing jero ba­ngunan ditutupi dame. Iya rekasane ngawal mriyem iku kang nda­dekake prastawa mau tansah ci­nathet ing ati dadi “kebanggaan tersendiri”.
Mula nalika reuni taun 1987 dianakake acara napak tilas ngiras nancepake pathok-pathok pepe­nget. Ora lali ngajak pelajar wilayah Tulungagung, Blitar, Kediri, lan Trenggalek, ngiras marisake nilai-nilai kejuangan bangsa. Kebeneran nalika iku penulis kapatah dadi pembimbing panitia pelaksana, mula anggone nyiapake rute napak tilas telung sasi sadurunge hari H.
Acara dhek semana kejaba diregengake maneka tontonan, kalebu wayangan ing pendhapa Kabupaten, iya ngresmekake prasasti reuni TRIP ing ngarepe patung Mas Trip sing katon gagah. Prasasti reuni TRIP iki diresmekake dening Djiteng Soejoto (wektu iku njabat Bupati Pasuruan) tanggal 21 Juni 1987.
(Kopral Soekarmi)

0 comments:

Post a Comment